وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِىٓ ءَادَمَ وَحَمَلْنَٰهُمْ فِى ٱلْبَرِّ وَٱلْبَحْرِ وَرَزَقْنَٰهُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَٰتِ وَفَضَّلْنَٰهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍۢ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا
Artosipun: Temen wis ingsun mulyoaken anak turun Nabi Adam lan wis ingsun emot (angkut) ingdalem daratan lan segoro, lan ingsun paring saking rejeki kang sae lan ingsun unggulaken kanti sempurno tenimbang makhluk lintu (Al-Isra: 70)
Wonten kitab Mafatih al-Ghaib anggitanipun Imam ar-Razi disebataken bilih ingkang dipun maksud حَمَلْنَاهُمْ meniko ngangkat lan mbeto menungso ngeliwati daratan lan lautan. Tegese Gusti Allah nundukaken daratan lautan kagem menungso supados saget manfaataken nopo kimawon ing daratan lan lautan.
Lajeng mungguhe Ibnu Asyur wonten kitab at-Tahrir wat Tanwir dipun pertelaaken bilih artosipun “hamala” meniko Gusti Allah paring ilham kagem menungso supados damel nggunaaken potensi ing daratan lautan.
Hadirin Ingkang Bahagio
Kedah kito mangertosi bilih setunggalipun nikmat Gusti Allah kagem menungso nggih meniko pinaringan kemerdekaan. Sahabat Umar bin Khattab dawuh:
مَتَى اسْتَعْبَدْتُم النَّـــــــــاسَ وَقَدْ وَلَدَتْهُمْ أُمَّهَاتُهُمْ أَحْرَارًا؟
Artosipun: Awit kapan siro kabeh ngawulakno menungso, padahal ibu-ibune ngelahiraken ingdalem tingkah merdeka? (Al-Wilâyah ‘alal Buldân fî ‘Ashril Khulafâ’ ar-Râsyidîn).
Baca Juga: Contoh Naskah Khutbah Jumat: Terkabulnya Doa Bagi Umat Islam
Sahabat Umar dawuh mekaten kelawan tondo pitakon kranten nggugah kesadaran kito sedoyo bilih sejatosipun menungso dipun lahiraken kanti merdeka, lebaran saking tumindak dzolim. Mongko saking meniko Islam ngelarang sedoyo tumindak nganiyoyo lan paring izin mbelo nyowo, tanah air naliko dipun jajah.
Penggawe nganiyoyo meniko dipun haramaken kranten saget nyebabaken rusake tatanan gesang. Langkung-langkung ngerampas pagesangan sedoyo tiyang ing tanah air. Sedoyo niku kedah dilawan, kranten dados pondasi perjuangan lan setunggale bentuk cinta tanah air.
Hadirin Ingkang Minulyo
Mbelo lan cinta tanah air kedah dibudidayaaken, kranten menawi tanah air rusak, otomatis sedoyo tiyang bakal sengsoro, mboten saget gangsar ngelampahi ibadah, nyambut damel, sinau, lan sak pitunggalane.
Baca Juga: Naskah Khutbah Jumat Singkat Tentang Iman dan Takwa Kepada Allah SWT
Sinaoso mekaten, kito sedoyo ampon ngantos mbales kelawan penggawe nganiyoyo naliko sampun merdeka. Kranten Islam paring jaminan aman dumateng tiyang non-muslim. Gusti Allah dawuh: